2 Kings 11:14 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Putri nuli mirsa Sang Prabu jumeneng ing sacedhake saka kaya adate kang wus kelakon, kaayap ing para panggedhe lan para kang padha nggawa kalasangka. Rakyat ing nagara padha abungah-bungah kabeh kambi ngunekake kalasangka. Sang Putri Atalya banjur nyuwek-nyuwek pangagemane kalawan nguwuh: “Kiyanat, kiyanat!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Terus ngerti ratu ngadek ing sak tyedaké tyagak kaya adaté, para penggedéné lan para sing nggawa trompèt. Rayat ing negara pada bungah-bungah kabèh karo ngunèkké trompèt. Atalya terus nyuwèk-nyuwèk sandangané lan mbengok: ngiyanati, ngiyanati!