2 Kings 11:19 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse mangkono panjenengane banjur ngajak para opsir penatus, para wong Kari lan wadya-bala panjaga sarta rakyat ing nagara kabeh, kaajak ndherekake miyose Sang Prabu saka ing Padalemaning Sang Yehuwah, tumuli padha lumebu ing kedhaton ngliwati gapura kang kanggo para prajurit. Sang Prabu nuli lenggah ing dhamparing karajan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé mengkono dèkné terus ngajak para penggedéné suradadu 100, para wong Kari lan suradadu penjaga lan rayat ing negara kabèh, diajak ngetutké ratu sangka Omahé GUSTI, terus pada mlebu ing kraton ngliwati gapura para suradadu. Ratu terus njagong ing dampar kraton.