2 Kings 12:18 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
nanging Sang Prabu Yoas, ratu ing Yehuda, nuli mundhut sakehe pisungsung suci kang wus kasucekake dening para leluhure, yaiku Sang Prabu Yosafat, Sang Prabu Yoram lan Sang Prabu Ahazia, para ratu ing Yehuda, lan pisungsung-pisungsunge piyambak kang suci, uga emas kang ana ing gedhong pasimpenan ing padalemaning Sang Yehuwah lan kang ana ing kraton, iku kabeh dikintunake marang Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram, temah Sang Prabu Hazael ora sida nglurug menyang ing Yerusalem.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
nanging ratu Yoas, ratu ing Yéhuda, terus njupuk sakkèhé pisungsung sutyi sing wis disutyèkké karo para leluhuré, ya kuwi ratu Yosafat, ratu Yoram lan ratu Ahazia, para ratu ing Yéhuda, lan pisungsungé déwé sing sutyi, uga emas ing gedong simpenan ing griyané GUSTI lan ing kraton, kuwi kabèh dikirim marang ratu Hasaèl, ratu ing Aram, nganti ratu Hasaèl ora ngluruk Yérusalèm.