2 Kings 13:21 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nalika ing sawijining dina wong lagi padha ngubur layon, ana grombolan teka; bareng wong-wong weruh grombolan iku, layone nuli kauncalake menyang ing pasareane Nabi Elisa, banjur padha lunga. Kocapa, bareng layon mau nggepok balung-balunge Nabi Elisa, banjur urip maneh lan ngadeg.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing sakwijiné dina wong ijik pada ngubur layon, ana grombolan teka; bareng wong-wong weruh grombolan kuwi, layoné terus diuntyalké ing kuburané Elisa, terus pada lunga. Kedadiané, bareng layon mau nggepok balung-balungé Elisa, terus urip menèh lan ngadek.