2 Kings 14:13 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Amazia ratu ing Yehuda, putrane Sang Prabu Yoas, wayahe Sang Prabu Ahazia, kecepeng dening Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel ana ing Bet-Semes. Sang Prabu Yoas nuli lumebet ing kutha Yerusalem, balowartine Yerusalem kagempur wiwit ing Gapura Efraim nganti tekan ing Gapura Pojok, dawane patang atus asta.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Amasia ratu ing Yéhuda, anaké Yoas, putuné Ahazia, ketyekel karo Yoas, ratu ing Israèl ing Bèt-Sémes. Yoas terus mlebu ing kuta Yérusalèm, témboké Yérusalèm digempur wiwit ing Gapura Efraim nganti tekan ing Gapura Pojok, dawané 400 éluh.