2 Kings 16:15 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Akhas tumuli dhawuh marang Imam Uria: “Kurbane obaran esuk lan kurbane dhaharan sore obongen ana ing misbyah gedhe iku, uga kurban obaran lan kurbane dhaharan ratu, sarta kurbane obaran, kurbane dhaharan lan kurban-kurbane unjuk-unjukan rakyat sanagara kabeh; apa maneh kabeh getih kurban obaran lan kabeh getih kurban sembelehan iku sokna ana ing kono. Nanging misbyah tembaga iku urusaningsun.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Akas terus ngongkon marang imam Uria: “Kurbané obongan ésuk lan kurbané panganan soré obongen ing mesbèh gedé kuwi, uga kurban obongan lan kurbané panganan ratu, lan kurbané obongan, kurbané panganan lan kurbané ombèn-ombèn rayat sak negara kabèh; apa menèh kabèh getih kurban obongan lan kabèh getih kurban sing dibelèh kuwi sokna ing kono. Nanging mesbèh tembaga kuwi urusanku.”