2 Kings 16:6 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing nalika iku Sang Prabu Rezin, ratu ing Aram, mangsulake Elat marang Edom, wong-wong Yehuda banjur padha ditundhungi saka ing Elat. Wong Edom nuli padha menyang Elat lan padha manggon ana ing kono nganti saprene.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing waktu kuwi Resin, ratu ing Aram, mbalèkké Elat marang Edom, wong-wong Yéhuda terus pada ditundungi sangka Elat. Wong Edom terus pada menyang Elat lan pada manggon ing kono nganti sepréné.