2 Kings 17:26 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nuli ana wong kang munjuk marang Sang Nata ing Asyur: “Bangsa-bangsa ingkang panjenengan dalem boyongi dados tawanan saha kadhawuhan manggen ing kitha-kitha ing Samaria punika boten sami mangretos dhateng tatananing pangibadah dhateng Gusti Allahipun nagari ngriku, milanipun Gusti Allah wau lajeng nguculaken singa wonten ing satengahipun, lan tiyang-tiyang wau nunten sami dipun pejahi dening singa-singa punika, awit boten sami mangretos dhateng tatananing pangibadah dhateng Gusti Allahipun nagari ngriku.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Terus ana wong sing ngomong marang ratu ing Asyur: “Bangsa-bangsa sing sampéyan mboyongi dadi tawanan lan dikongkon manggon ing kuta-kutané ing Samaria kuwi ora pada ngerti marang tatanané pangabekti marang Gusti Allahé negara ing kono, mulané Gusti Allah iki terus ngetyulké singa ing sak tengahé, lan wong-wong iki banjur pada dipatèni karo singa-singa kuwi, awit ora pada ngerti marang tatanané pangabekti marang Gusti Allahé negara ing kono.”