2 Kings 18:14 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda, kintun utusan marang ing ngarsane Sang Nata ing Asyur kang ana ing Lakhis, kadhawuhan ngunjukake ature: “Kula sampun nindakaken kalepatan, Sang Prabu mugi karsaa jengkar saking nagari kula, punapa ingkang kabebahaken dening Sang Prabu dhateng kula, badhe kula sanggi.” Sang Nata ing Asyur banjur paring bebahan marang Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda, ngaturake telung atus talenta selaka lan telung puluh talenta emas.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Hiskia, ratu ing Yéhuda, kirim kongkonan marang ing ngarepé ratu ing Asyur ing Lakis, dikongkon ngomongké tembungé: “Kula wis nindakké kesalahan, supaya gelem mundur sangka negara kula, apa sing ditanggungké karo ratu marang kula, bakal kula saguhi.” Ratu ing Asyur terus ngekèki tanggungan marang Hiskia, ratu ing Yéhuda, masrahaké 300 talénta slaka lan telung puluh talénta emas.