2 Kings 18:22 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dene menawa sira padha matur marang ingsun: Kawula sami ngendelaken Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, -- apa Panjenengane iku dudu kang tengger-tenggere pangurbanan lan misbyah-misbyahe wus disingkirake Hizkia kalawan tembunge marang Yehuda lan Yerusalem: Ana ing ngarepe misbyah kang ana ing Yerusalem iki anggonmu kudu padha sujud nyembah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging yèn kowé pada ngomong marang aku: Kula pada ngendelké GUSTI, Gusti Allah kula, apa kuwi duduk puntuk-puntuké pangurbanan lan mesbèh-mesbèhé wis disingkréhké Hiskia karo tembungé marang Yéhuda lan Yérusalèm: Ing ngarepé mesbèh ing Yérusalèm iki enggonmu kudu pada sujut nyembah.