2 Kings 19:15 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Hizkia tumuli ndedonga ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, ingkang adhedhampar ing sanginggiling kerubim! Namung Paduka piyambak ingkang jumeneng dados Gusti Allahipun sakathahing karajan ing bumi. Paduka ingkang nitahaken langit kalayan bumi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Hiskia terus ndedonga ing ngarepé GUSTI, tembungé: “Duh GUSTI, Gusti Allahé Israèl, sing njagong ing sak nduwuré kerubim! Mung Panjenengan piyambak sing dadi Gusti Allahé kabèh kraton ing bumi. Panjenengan sing nggawé langit karo bumi.