2 Kings 19:20 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nabi Yesaya bin Amos nuli utusan wong sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kadhawuhan matur: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Apa kang wus sira pratelakake ana ing pandonganira marang Ingsun ing bab Sanherib, ratu ing Asyur, iku wus Sunpiyarsakake.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yésaya anaké Amos terus kongkonan wong nemoni ing ngarepé Hiskia, dikongkon ngomong: Mengkéné tembungé GUSTI, Gusti Allahé Israèl: Apa sing wis kok omongaké ing pandongamu marang Aku ing bab Sanherib, ratu Asyur, kuwi wis Tak runggokké.