2 Kings 19:23 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lumantar para utusanira sira wus memada Pangeran Yehuwah lan sira wus ngucap: Kalawan kretaku kang akeh cacahe aku munggah ing panggonan-panggonan kang dhuwur ing pagunungan, menyang panggonan kang adoh dhewe ing gunung Libanon; aku wus negori wite eres kang dhuwur-dhuwur tur gedhe-gedhe, wite beros kang pilihan-pilihan; aku wus lumebu ing papan panginepan kang poncot dhewe, menyang ing alase kang wit-witane ketel.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lantaran para kongkonanmu kowé wis nyepèlèkké GUSTI lan kowé wis ngomong: Karo krétaku sing okèh tyatyahé aku munggah ing panggonan sing duwur ing pegunungan, menyang panggonan sing adoh déwé ing gunung Libanon; aku wis ngembrukké wité tyemara sing duwur-duwur tur gedé-gedé, wité beros sing pilihan; aku wis mlebu ing panggonan panginepan sing pojok déwé, ing alasé sing wit-witané ketel.