2 Kings 19:37 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing sawijining dina nalika Sang Prabu lagi sujud nyembah ana ing omah pepundhene Nisrokh, allahe, banjur disedani dening Pangeran Adramelekh lan Pangeran Sarezer, para putrane, sarta sekarone tumuli padha lolos menyang ing tanah Ararat, dene Pangeran Esarhadon, uga putrane, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing sakwijiné dina waktu ratu ijik sujut nyembah ing omah brahalané Nisrok, allahé, terus dipatèni karo Adramelekh lan Sareser, anak-anaké, lan wong loro mau terus pada mblayu menyang negara Ararat, nanging Esarhadon, uga anaké, terus dadi ratu nggentèni piyambaké.