2 Kings 2:3 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing nalika samana nuli ana nabi ing Betel sapantha kang padha methukake Elisa sarta padha pratela: “Punapa panjenengan sampun mirsa, bilih ing dinten punika bendara panjenengan badhe kapulung dhateng swarga dening Sang Yehuwah?” Wangsulane: “Aku iya wus mangreti, padha menenga bae!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing waktu semono terus ana nabi ing Bétel sak rombongan sing pada metuk Elisa lan pada ngomong: Apa sampéyan wis ngerti, yèn ing dina iki guru sampéyan bakal diangkat menyang swarga karo GUSTI? Semauré: Aku ya wis ngerti, pada menenga waé!