2 Kings 20:12 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing nalika samana Sang Prabu Merodakh-Baladan bin Baladan, ratu ing nagara Babil, utusan wong ngunjukake layang lan atur-atur marang Sang Prabu Hizkia, marga kepireng, manawa ing maune Sang Prabu Hizkia gerah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing waktu semono Merodak-Baladan anaké Baladan, ratu ing negara Babèl, kongkonan wong ngirimké layang lan pisungsung marang Hiskia, awit krungu, yèn ing mbiyèn Hiskia lara.