2 Kings 20:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Hizkia rena ing penggalih marga saka pisowane para utusan iku, banjur padha ditedahi sakehing isining gedhong pasimpenaning raja-brana, emas lan selaka lan lenga kang adi, gedhong praboting perang sarta kabeh kang ana ing pasimpenane. Ora ana barang kang ora dikatingalake dening Sang Prabu Hizkia marang para utusan mau, kang ana ing kratone lan kang ana ing wilayahing pangwaose.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Hiskia seneng ing atiné awit sangka tamu para kongkonan kuwi, terus pada diduduhi kabèh isiné gedong simpenané banda, emas lan slaka lan lenga sing apik, gedong pirantiné perang lan kabèh ing simpenané. Ora ana barang sing ora diduduhké karo Hiskia marang para kongkonan mau, ing palèsé lan ing negarané pangwasané.