2 Kings 21:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sarta Ingsun bakal ngetrapi tali pangukuran marang Yerusalem padha kaya marang Samaria lan tali lod padha kaya marang brayate Akhab; sarta Ingsun bakal ngresiki kayadene patrape wong ngresiki pinggan, yen wus diresiki banjur diwalik dikurebake.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan Aku bakal nggèrèt tali kanggo ngukur Yérusalèm pada kaya Samaria lan tali lod pada kaya brayaté Akab; lan Aku bakal ngresiki kaya tyarané wong ngresiki kendi, yèn wis diresiki terus diwalik dikurepké.