2 Kings 22:1 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangeran Yosia nalika jumeneng ratu iku yuswane wolung taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase telung puluh siji taun. Kang ibu asma Yedida, putri putrane Sang Adaya, saka ing Bozkat.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yosia waktu dadi ratu kuwi umuré wolung taun, nanging enggoné dadi ratu ing Yérusalèm lawasé telung puluh siji taun. Ibuné asma Yedita, anaké wadon Adaya, sangka Boskat.