2 Kings 22:14 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Imam Agung Hilkia, Ahikam, Akhbor, Sang Safan lan Asaya banjur padha tindak manggihi nabi-wanita, yaiku nabi Hulda, garwane Sang Salum bin Tikwa bin Harhas, abdi-dalem reksa-busana. Nabi iku dedalem ana ing Yerusalem, ing pekampungan anyar. Para utusan padha mratelakake preluning kautus.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Imam Hilkia, Ahikam, Akbor, Safan lan Asaya terus pada lunga nemoni nabi wadon, ya kuwi Hulda, bojoné Salum anaké Tikwa anaké Harhas, abdi sing tukang ngurusi salin. Nabi kuwi manggon ing Yérusalèm, ing désa anyar. Para kongkonan pada ngomongké perluné diutus.