2 Kings 22:18 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging marang ratu ing Yehuda kang ngutus marang sira kabeh supaya nyuwun pitedahe Pangeran Yehuwah iku, sira matura mangkene: Makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Tumrap pangandika kang wus sira rungu iku,
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging marang ratu ing Yéhuda sing ngutus marang kowé kabèh supaya njaluk sing diduduhké GUSTI kuwi, kowé ngomonga mengkéné: Mengkéné tembungé GUSTI, Gusti Allahé Israèl: Kanggo tembungé sing wis kowé krungu kuwi,