2 Kings 23:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu iya dhawuh nyingkirake jaran-jaran kang kadekek dening para ratu ing Yehuda kanggo dewaning srengenge ana ing lawang kang anjog ing padalemaning Sang Yehuwah, cedhak ing kamare Natan-Melekh, punggawa kraton, kang manggon ing gedhong ing sandhinging padaleman. Kreta-kreta kanggo dewaning srengenge uga kaobong ing geni.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ratu ya ngongkon nyingkirké jaran-jarané sing disèlèhké karo para ratu ing Yéhuda kanggo nyembah allah srengéngé ing lawang griyané GUSTI, tyedak ing kamaré Natan-melek, pegawéné kraton, sing manggon ing gedong ing sandingé omahé Gusti. Kréta-kréta kanggo allah srengéngé uga diobong karo geni.