2 Kings 23:24 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para prewangan lan para juru petungan, uga terafim, brahala-brahala lan sakehe dewaning kanisthan kang tinemu ana ing tanah Yudea lan ing Yerusalem, padha kasirnakake dening Sang Prabu Yosia, supaya bisa netepi pangandikaning Toret kang katulis ana ing kitab kang wus katemokake dening Imam Agung Hilkia ana ing padalemaning Sang Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para tukang nyeluk roh préwangan lan para tukang santèt, uga terafim, brahala-brahala lan sakkèhé retyané sing njijiki sing ditemokké ing negara Yudéa lan ing Yérusalèm, pada dientèkké karo Yosia, supaya bisa netepi tembungé Toret sing ketulis ing kitab sing wis ditemokaké karo imam gedé Hilkia ing griyané GUSTI.