2 Kings 23:25 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sadurunge panjenengane ora ana ratu kang kaya panjenengane, kang anggone mratobat marang Pangeran Yehuwah kanthi gumolonging panggalihe, kanthi gumolonging nyawane lan kanthi sakakuwatane kabeh, miturut sakehe Torete Nabi Musa, sarta sawuse panjenengane ora ana ratu maneh kang kaya panjenengane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sak durungé piyambaké ora ana ratu sing kaya piyambaké, sing enggoné mratobat marang GUSTI karo sak kabèhé atiné, karo sak kabèhé nyawané lan karo sak kekuwatané kabèh, miturut sak kabèhé Torèté Moses, lan sakwisé piyambaké ora ana ratu menèh sing kaya piyambaké.