2 Kings 23:27 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangeran Yehuwah tumuli ngandika: “Uga wong Yehuda bakal Sunsingkirake saka ing ngarsaningSun kayadene anggoningSun wus nyingkirake wong Israel, sarta Ingsun bakal mbucal kutha kang wus Sunpilih iki, yaiku Yerusalem, apadene padaleman iki, sanadyan Ingsun wus ngandika tumrap iku mangkene: AsmaningSun bakal dumunung ana ing kono!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
GUSTI terus ngomong: “Uga wong Yéhuda bakal Tak dohké sangka ngarep-Ku kaya enggon-Ku wis nyingkirké wong Israèl, lan Aku bakal ngguwak kuta sing wis Tak pilih iki, ya kuwi Yérusalèm, uga omah iki, senajan Aku wis ngomong kanggo kuwi mengkéné: asma-Ku bakal manggon ing kono!”