2 Kings 23:34 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Pringon Nekho banjur njumenengake ratu Pangeran Elyakim, putrane Sang Prabu Yosia, kang rama, sarta nyantuni asmane dadi Yoyakim. Nanging Sang Prabu Yoahas kabekta menyang ing Mesir lan bareng wus rawuh ana ing kana, Sang Prabu banjur seda.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Parao Neko terus ngangkat ratu Elyakim, anaké Yosia, lan nggantèni asmané dadi Yoyakim. Nanging Yoakas digawa menyang Egipte lan kadung wis teka ing kana, Yoakas terus mati.