2 Kings 23:35 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Yoyakim nyaosi emas lan selaka mau marang Sang Prabu Pringon, nanging supaya bisa nyaosi dhuwit samono iku, Sang Prabu narik pajeg saka ing nagara, iku miturut dhawuhe Sang Prabu Pringon. Kang dipundhuti emas lan selaka iku rakyat ing nagara, saben wong manut kehing pajeg kang ditetepake kang bakal kacaosake marang Sang Prabu Pringon Nekho.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yoyakim ngekèki emas lan slaka mau marang Parao, nanging supaya bisa ngekèki duwit semono okèhé kuwi, ratu narik pajek sangka negara, kuwi miturut préntahé Parao. Sing dijikuk emas lan slaka kuwi sangka rayat negara, saben wong miturut okèhé pajek sing ditetepaké sing bakal dipasrahké marang Parao Neko.