2 Kings 23:5 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para imaming dewa ngamanca kang diangkat dening para ratu ing Yehuda, kang gaweane ngobong kurban ana ing tengger-tengger pangurbanan ana ing kutha-kutha ing wewengkon Yehuda lan ing sakubenge Yerusalem, iku padha dilereni, samono uga kang padha ngobong kurban kanggo Baal, kanggo dewaning srengenge, kanggo dewaning rembulan, kanggo dhapukan-dhapukan lintang lan kanggo sakehing wadya-bala ing langit.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para imamé retya mantya sing diangkat karo para ratu ing Yéhuda, sing gawéané ngobong kurban ing puntuk-puntuk pangurbanan ing kuta-kuta ing negarané Yéhuda lan ing sak ubengé Yérusalèm, kuwi pada dilèrèni, semono uga sing pada ngobong kurban kanggo Baal, kanggo retyané srengéngé, kanggo retyané mbulan, kanggo lintang-lintangé lan kanggo kabèh suradadu langit.