2 Kings 23:8 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu nimbali sakehing imam saka ing kutha-kutha ing wilayah Yehuda, padha kadhawuhan najisake tengger-tengger pangurbanan, panggonane para imam padha ngobong kurban, wiwit ing Geba nganti tekan ing Bersyeba. Tengger-tengger pangurbanan kang ana ing gapura ing sacedhake panggonan lumebune ing gapurane Yusak, panggedhening kutha kono, kang ana ing sisih kiwa manawa wong lumebu ing gapuraning kutha iku, iku uga padha karubuhake.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ratu nyeluk kabèh imam sangka kuta-kuta ing panggonan Yéhuda, pada dikongkon najisaké puntuk-puntuk pangurbanan, panggonané para imam pada ngobong kurban, wiwit ing Géba nganti tekan ing Bèrsyéba. Puntuk-puntuk pangurbanan ing gapura ing sak tyedaké mlebuné ing gapurané Yosua, penggedéné kuta kono, ing sisih kiwa yèn wong mlebu ing gapurané kuta kuwi, kuwi uga pada dirubuhké.