2 Kings 24:16 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sakehe wong kang gagah prakosa, cacahe pitung ewu, para tukang lan pandhe, cacahe sewu, sakehe wong prawira kang kendel ing perang, iku kabeh padha kaboyongan dening Sang Nata ing Babil, kabuwang menyang ing Babil.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakkèhé wong sing gagah rosa-rosa, tyatyahé 7000, para tukang lan pandé wesi, tyatyahé 1000, sakkèhé wong penggedéné suradadu sing kendel perang, kuwi kabèh pada diboyong karo ratu Babèl, dibuwang ing Babèl.