2 Kings 25:1 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mulane nalika ing taun kang kaping sangane jaman paprentahane, ing sasi kang kaping sepuluh, ing tanggal kaping sepuluh ing sasi iku, Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, rawuh kadherekake ing wadya-balane kabeh lan banjur nempuh Yerusalem. Sang Nata nuli makuwon lan dhawuh ngepung kutha iku sarta ngedegake tembok pangepungan ing sakubenge.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané waktu ing taun sing kaping sanga jaman pepréntahané, ing sasi sing kaping sepuluh, tanggal kaping sepuluh sasi kuwi, Nebukadnésar, ratu ing Babèl, teka ditutké suradaduné kabèh lan terus nyerang Yérusalèm. Ratu terus manggon lan ngongkon ngepung kuta kuwi lan ngedekké témbok kanggo ngepung ing sak ubengé.