2 Kings 25:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Punggawa kraton ing kutha kono kang diangkat dadi panggedhening wadya-bala, abdi peladose pribadi Sang Nata kang ana ing kutha kono cacahe lima, sekretarising panggedhene wadya-bala kang nglumpukake rakyat kadadekake prajurit sarta wong saka ing satengahing rakyat ing nagara kono cacah sawidak, iku padha ditangkep kabeh.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Penggedé kraton kuta kono sing diangkat dadi penggedéné suradadu, abdiné ratu piyambak ing kuta kono tyatyahé lima, juru tulisé penggedéné suradadu sing nglumpukké rayat didadèkké prajurit lan wong sangka sak tengahé rayat ing negara kono tyatyah suwidak, kuwi pada dityekel kabèh.