2 Kings 25:27 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kacarita ing taun kang kaping telung puluh pitu sawuse Sang Prabu Yoyakhin, ratu ing Yehuda kabucal, ing sasi kang kaping rolas, ing tanggal kaping pitulikur ing sasi iku, Sang Prabu Ewil-Merodakh, ratu ing Babil, nalika ing taun jumenenge ratu, paring sih-piwelas marang Sang Prabu Yoyakhin, ratu ing Yehuda, yaiku banjur kaluwaran saka ing pakunjaran.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing taun sing kaping telung puluh pitu sakwisé Yoyakin, ratu ing Yéhuda dibuwang, ing sasi sing kaping rolas, ing tanggal kaping pitulikur ing sasi kuwi, Ewil-merodak, ratu ing Babèl, waktu ing taun jamané ratu, ngekèki kawelasan marang Yoyakin, ratu Yéhuda, ya kuwi terus dietokké sangka pakunjara.