2 Kings 3:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Nabi Elisa nuli matur marang Sang Nata ing Israel: “Urusan kawula punapa kaliyan panjenengan dalem? Kawula aturi tindak dhateng nabinipun rama dalem saha dhateng nabinipun ibu dalem.” Sang Nata ing Israel mangsuli, pangandikane: “Sampun makaten ta, sabab Pangeran Yehuwah nimbali ratu tetiga punika prelu badhe sami kaulungaken dhateng ing tanganipun tiyang Moab!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Elisa terus ngomong marang ratu ing Israèl: Urusan kula apa karo sampéyan? Lungaa menyang nabiné bapakmu lan marang nabiné ibumu. Ratu Israèl nyauri, tembungé: Aja ngono ta, awit GUSTI nyeluk ratu telu iki perlu arep pada dipasrahké ing tangané wong Moab!