2 Kings 3:14 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Unjuke Nabi Elisa: “Dhemi Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah ingkang gesang, ingkang kawula ladosi wonten ing ngarsanipun, manawi boten margi saking Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, saestunipun kawula punika boten badhe migatosaken tuwin maelu dhateng panjenengan dalem.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Semauré Elisa: Kanggo GUSTI sing ngwasani langit lan bumi lan sing urip, sing kula ladèni, yèn ora awit sangka ratu Yosafat, ratu ing Yéhuda, sakjané kula ora bakal nggatèkké lan nggubris marang sampéyan.