2 Kings 3:7 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu nuli utusan wong sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, kadhawuhan ngaturake pangandikane kang surasane: “Ratu ing Moab sampun mbalela dhateng kula! Punapa panjenengan karsa sesarengan kaliyan kula nglurug perang dhateng ing Moab?” Paring wangsulane: “Kula badhe majeng perang. Kita punika rak sami, kula lan panjenengan, rakyat kula kaliyan rakyat panjenengan, kapal kula kaliyan kapal panjenengan.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ratu terus kongkonan wong nemoni ratu Yosafat, ratu ing Yéhuda, dikongkon ngomong tembungé: Ratu ing Moab nglawan marang kula! Apa sampéyan gelem bareng kula ngluruk perang menyang Moab? Tembung semauré: Kula bakal ngluruk perang. Kita bareng-bareng, kula lan sampéyan, rayat kula rayat sampéyan, jaran kula lan jaran sampéyan.