2 Kings 4:1 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ana sawijining wong wadon panunggalane bojone para nabi sesambat marang Nabi Elisa, ature: “Abdi panjenengan, semah kula, sampun tilar donya, mangka panjenengan punika mirsa, bilih abdi panjenengan wau ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah. Nanging sapunika tiyang ingkang nagih sambutan sampun dhateng badhe mendhet anak kula kekalih, badhe kadadosaken rencangipun.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ana salah sijiné wong wadon bojoné nabi sambat marang Elisa, tembungé: “Abdi sampéyan, bojo kula, wis ninggal ndonya, sampéyan ngerti, yèn abdi sampéyan iki ngabekti marang GUSTI. Nanging saiki wong nagih utang wis teka bakal njikuk anak kula loro, bakal didadèkké batur.”