2 Kings 4:39 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Panunggalane para nabi iku nuli ana siji kang metu, lunga menyang ing pategalan arep ramban jejanganan, banjur nemu wit sesuluran alasan, nuli methik wohe, yaiku labu alasan, kawadhahan ing jubahe, nganti saprangkul. Sawuse bali, labune diiris-iris, kacemplungake ing kwali olah-olahan mau, sabab padha ora sumurup iku woh apa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para nabi kuwi terus ana siji sing metu, lungaa menyang kebon arep nggolèk janganan, terus nemu wit labu alasan, terus metik wohé, ya kuwi labu alasan, diwadahi ing jubahé, nganti sak pondongan. Sakwisé bali, labuné diiris-iris, dityemplungké ing kwali olah-olahan mau, awit pada ora ngerti kuwi woh apa.