2 Kings 5:18 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Salajengipun mugi Sang Yehuwah karsaa paring pangapunten dhateng kula ing bab punika: Manawi gusti kula lumebet ing papan pamujanipun Rimon prelu sembahyang wonten ing ngriku, temtu lendhehan ing tangan kula, mila kula inggih kedah ndherek sumungkem wonten ing papan pamujanipun Rimon punika. Pratingkah kula makaten punika mugi dipun apuntena dening Sang Yehuwah.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sak terusé bèn tenan GUSTI gelem ngekèki ngapura marang kula ing bab iki: Yèn ratu kula mlebu ing panggonan pangabekti Rimon perlu sembayang ing kono, mesti nggandèng tangan kula, mila kula kudu mèlu sendeku ing panggonan pangabekti Rimon kuwi. Penggawé kula ngono kuwi supaya dingapura karo GUSTI.