2 Kings 5:8 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng Nabi Elisa abdining Allah mireng, manawa Sang Nata ing Israel nyuwek-nyuwek pangageme, banjur enggal-enggal utusan wong sowan ing ngarsane Sang Prabu kadhawuhan munjuk: “Sababipun punapa dene panjenengan dalem nyuwek-nyuwek pangageman dalem? Priyagung wau kadhawuhana manggihi kawula, supados uninga, bilih ing Israel wonten nabinipun.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng Elisa abdiné Gusti Allah krungu, yèn ratuné Israèl nyuwèk-nyuwèk sandangané, terus gelis-gelis kongkonan wong nemoni ratu dikongkon ngomong: Apa sebabé sampéyan nyuwèk-nyuwèk sandangan? Penggedé kuwi kongkonen metuki kula, supaya ngerti, yèn ing Israèl ana nabi.