2 Kings 7:17 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anadene panggedhe prajurit kang dadi ajudane Sang Prabu mau kadhawuhan njaga ana ing gapura, nanging iku tumuli kapidak-pidak dening rakyat ana ing kono nganti mati, laras karo pangandikane abdining Allah, kang kaucapake nalika Sang Nata rawuh manggihi panjenengane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Penggedéné suradadu sing dadi ajudané ratu mau dikongkon njaga ing gapura, nanging kuwi terus kepidak-pidak karo rayat ing kono nganti mati, tyotyok karo tembungé abdiné Gusti Allah, sing diomong waktu ratu teka nemoni Elisa.