2 Kings 8:13 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng mangkono Hazael matur: “Nanging ingkang abdi punika sinten ta, rak namung segawon ta, lah kok saged nindakaken prakawis ingkang ngedab-edabi makaten?” Wangsulane Nabi Elisa: “Pangeran Yehuwah wus paring wangsit marang aku, manawa kowe bakal dadi ratu ing Aram.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng Hasaèl ngomong: Nanging kula iki sapa ta, apa ora mung asu ta, kok bisa nindakké perkara sing ngidap-idapi ngono? Semauré Elisa: GUSTI wis ngekèki weruh marang aku, yèn sampéyan bakal dadi ratu ing Aram.