2 Kings 8:29 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging bareng Sang Prabu Yoram ditatoni dening wong Aram, banjur kondur menyang ing Yizreel, supaya tatune, kang marga saka panempuhe wong Aram ana ing Rama nalika perang nglawan Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram, iku dijampenana. Anadene Sang Prabu Ahazia, putrane Sang Prabu Yoram, ratu ing Yehuda banjur tindak martuwi marang Sang Prabu Yoram putrane Sang Prabu Akhab, marga iku nandhang gerah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging bareng ratu Yoram ditatoni karo wong Aram, terus mulih menyang Yisreèl, supaya tatuné diobati, awit wong Aram ing Ramot waktu perang nglawan Hasaèl, ratu ing Aram. Ratu Ahazia, anaké ratu Yoram, ratu ing Yéhuda terus lunga nuwèni marang ratu Yoram anaké ratu Akab ing Yisreèl, awit lara.