2 Kings 9:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng Sang Yehu medal manggihi para abdining gustine, ana kang matur takon: “Kados pundi kabaripun? Punapa sababipun dene tiyang edan punika ndhatengi panjenengan?” Paring wangsulane: “Panjenengan sadaya sampun sami mirsa tiyangipun lan wicantenipun!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng Yéhu metu nemoni para abdiné ratu, ana sing ngomong: Kepriyé kabaré? Apa sebabé wong édan kuwi nekani sampéyan? Semauré: Sampéyan kabèh wis pada ngerti wongé lan omongané!