2 Kings 9:18 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Prajurit jaranan mau nuli mangkat methukake sarta takon: “Makaten pandangunipun Sang Prabu: Punapa wilujeng?” Paring wangsulane Sang Prabu Yehu: “Slamet? Iku dudu urusanmu! Mbalika bae, melua aku!” Prajurit kang jaga mau nuli ngaturi uninga: “Utusan sampun dumugi ing ngrika, nanging boten wangsul.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Suradadu jaran mau terus budal metuk lan takon: “Mengkéné pitakoné: Apa slamet?” Ngekèki semauré Yéhu: “Slamet? Kuwi duduk urusanmu! Mbalik waé, mèlua aku!” Suradadu sing jaga mau terus ngomongi: “Kongkonan wis teka ing kana, nanging ora mulih.”