2 Kings 9:21 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng mangkono Sang Prabu Yoram dhawuh: “Ngrakitana kreta!” Kretane nuli dirakiti. Sang Prabu Yoram ratu ing Israel banjur miyos lan Sang Prabu Ahazia, padha nitih kreta. Karone padha manggihi Sang Yehu, nuli kepanggih ana ing pakebonane Nabot, wong Yizreel.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng mengkono ratu Yoram préntah: Ngrakita kréta! Krétané terus teka. Ratu Yoram ratu Israèl lan ratu Ahazia, ratu Yéhuda pada numpak kréta. Wong loro pada nemoni Yéhu, terus ketemu ing kebon angguré Nabot, wong Yisreèl.