2 Kings 9:25 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Yehu nuli dhawuh marang Bidkar, panggedhening wadya-balane: “Angkaten jisime, buwangen ing kebone Nabot, wong Yizreel iku, amarga sumurupa, nalika aku lan kowe bebarengan nunggang jaran ndherekake Sang Prabu Akhab, ramane, Pangeran Yehuwah wus ndhawuhake bab paukuman iki marang panjenengane, pangandikane:
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yéhu terus préntah marang, penggedé suradaduné: Angkaten layoné, buwangen ing kebon angguré Nabot, wong Yisreèl kuwi, ngertia, waktu aku lan kowé bebarengan numpak jaran ngetutké Akab, bapaké, GUSTI wis ngomongké marang dèkné bab ukuman iki: