2 Kings 9:27 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng Sang Prabu Ahazia, ratu ing Yehuda, mirsa kang mangkono iku, iya banjur lumajeng miyos ing dalan kang anjog ing Bet-Hagan, nanging banjur dibujeng dening Sang Prabu Yehu kalawan dhawuh: “Iku iya panahen!” Para prajurite nuli padha nglepasake panahe marang panjenengane ana ing kreta titihane, pinuju ana ing unggah-unggahan ing Gur ing sacedhake Yibleam. Sang Prabu Ahazia tumuli lumajeng ngungsi menyang ing Megido lan seda ana ing kono.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng ratu Ahazia, ratu Yéhuda, ngerti sing mengkono kuwi, ya terus mblayu liwat ing dalan sing tekan ing Be-Hagan, nanging terus diuber karo Yéhu lan ngongkon: Kuwi ya panahen! Para suradaduné terus pada ngetyulké panahé marang dèkné ing kréta, nalika ing unggah-unggahan Gur sak tyedaké Yilbiam. Ratu Ahazia terus mblayu nylametké menyang Megido lan mati ing kono.