2 Peter 2:10 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
luwih maneh wong kang padha nuruti hawa-nepsune marga kepencut ing jejember sarta ngremehake pangrehing Allah. Wong-wong iku padha kumawani sarta gumunggung, nganti tanpa rikuh pakewuh nyenyamah marang kaluhuran,
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Malah-malah wong-wong sing pada katut karo karepé kedagingané lan nuruti kesenengan sing ora pantes, wong-wong sing ora wedi marang tembungé Gusti Allah, wong-wong iki wis mesti nèk bakal nampa setrapané Gusti Allah. Para guru-guru palsu kuwi sombongé éram-éram, malah wani ngèlèk-èlèkké pangwasa-pangwasa sing nang swarga.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
luwih menèh wong sing pada ngumbar hawa-nepsuné, sing ndadèkké awaké reget lan ora ngajèni pangwasané Gusti. Wong-wong kuwi pada kemendel lan gemunggung, nganti tanpa rikuh-rikuh ora ngajèni marang para sing urip sing luhur,