2 Peter 2:12 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging wong-wong iku padha bae karo kewan kang tinitahake dadi kewan dekepan sarta banjur dipateni. Wong-wong iku padha nyenyamah marang kang ora disumurupi, temahan marga saka panggawene kang duraka iki, bakal padha nemoni karusakan dhewe kaya kewan alasan,
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging wong-wong kuwi uripé namung kaya kéwan galak kaé sing manut rasa, ora bisa mikir. Entèk-entèké ya mesti bakal kejiret lan dipatèni. Wong-wong kuwi pada ngèlèk-èlèkké marang prekara-prekara sing ora dingertèni. Mulané wong-wong kuwi bakal tiba ing karusakan, jalaran sangka tumindaké déwé.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging wong-wong kuwi pada waé karo kéwan sing tanpa pikiran, sing uripé dadi kéwan sing mung dityekel lan dipatèni. Wong-wong kuwi pada ora ngajèni marang sing ora dimangertèni, nanging awit sangka penggawéané sing duraka, bakal pada nemoni karusakané déwé kaya kéwan alasan,